7. Bahasa Daerah

Materi Pembelajaran Bahasa Daerah kelas IX

Laporan Hasil Observasi

Laporan Asil Observasi
1. Dhefinisi umum/ idhentifikasi yaiku perangan utawa bagean sing
nerangake titikan (ciri-ciri), barang, tandha, lan sapanunggalane.
2. Dheskripsi bagean/ klasifikasi yaiku perangan sing mantha-
mantha manut jinis utawa klompoke, utawa perangan sing
nerangake gegambaran sing luwih rinci.

3. Dheskripsi manfaat/ kagunan yaiku perangan sing mujudake
simpulan utawa dudutan saka asile observasi.

  • Nyemak Unsur Basa Sajrone Teks Laporan Asil
    Observasi
    Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis
    kanthi nggunake olah basa. Wis samesthine yen basa kang digunakake
    basa kang baku, beda karo basa kang digunakake ing karya sastra.
  1. Ukara Manut Jinis Wasesane
    Kanggo ngelingake pangertenmu, ukara kang wasesane tembung tanggap diarani ukara tanggap, dene ukara kang wasesane
    tembung tanduk diarani ukara tanduk. Tembung tanggap iku tembung lingga kang oleh ater-ater tripurusa (dak, ko/kok, di),
    dene tembung tanduki tembung kang oleh ater-ater anuswara (m, -n, -ng, -ny).
  2. Ukara Miturut Isine, kejaba ukara tanduk lan ukara tanggap, kanggo ngeling-eling pasinaonmu sadurunge babagan ukara uga bisa kapilah adhedhasar isine. Adhedhasar isine, jinise ukara maneka warna, kaya ta: ukara andharan/ pawarta, ukara pitakon, ukara pakon, ukara panguwuh, ukara sambawa, lan ukara pamenging.
  3. Unggah-Ungguh Basa yaiku babagan unggah-ungguh basa wis tau disinaoni. Unggah-ungguh basa kaperang dadi basa ngoko (ngoko lugu lan ngoko alus) dan basa krama (krama lugu lan krama alus).